Sugeng rawuh ing Wikipédia Jawa
bauwarna mardika abasa Jawa kang diyasa sarana gugur-gunung
kang saiki ngemu 70.313 artikel
Colong-jupuk kolèksi Musiyum Sanabudaya iku kasus colong-jupuk puluhan barang cagar budaya ing Musiyum Sanabudaya, Ngayogyakarta nalika 11 Agustus 2010. Kolèksi kang ilang cacah 87 iji (banjur ingambalan anggoné ngétung dadi 75 iji), racaké wujud tinggalaning Mataram Kuna lan Majapait kang bahané saka emas, sarta sawatara kolèksi kang bahan prunggu lan pérak. Salah siji barang kang kacolong iku Topèng Emas Nayan, mahakarya topèng emas wutuh siji-sijiné kang diduwèni musiyum ing Indonésia. Kasus colong-jupuk kolèksi Musiyum Sanabudaya ora rampung sapréné lan barang-barang kang cinolong dinuga wis kaadol ing pasar peteng internasiyonal. Lelakon iki kaaran colong-jupuk kolèksi musiyum kang gedhé dhéwé ing sauruting sajarah Indonésia. Manut UU No. 11 Taun 2010 bab Cagar Budaya, yèn siji barang cagar budaya ilang lan ing sajroné enem taun durung tinemu bakal kabusek saka pratélan barang cagar budaya nasiyonal. (Waca candhaké)
Wikipédia iku bauwarna (encyclopedia) kang cumepak ing manéka basa (multilingual) tur olèh dibesut (edit), diturun (copy), lan dipandum (share) sapa baé kanthi mardika (free). Amarga cumepak ing manéka basa, mula ana Wikipédia basa Jawa iki kang kababar ing surya 8 Maret 2004. Saben wong olèh mbesut, nurun, lan mandum kaca ing Wikipédia iki. Tegesé, kowé bisa mèlu ngripta utawa nggawé artikel anyar, ndandani artikel kang durung becik, mulihaké artikel kang dirusak, lan sapanunggalané. Wong-wong kang tumandang mangkono aran naraguna (user). Kowé bisa nyawiji karo para naraguna liya ing paguyuban saperlu nuwuhaké, ngrembakakaké, lan ngregengaké Wikipédia iki. Wikipédia iki minangka salah siji barang wetoning Wikimedia Foundation, siji pakumpulan nirlaba, kang kanggo sapa baé tur lelahanan (gratis). Kowé ora perlu mbayar saperlu nggawé akun lan maca artikel ing Wikipédia iki. Sapréné, wis ana 53.979 akun lan 70.313 artikel ing Wikipédia basa Jawa. Ayo ngéwangi mbecikaké Wikipédia Jawa iki!
Dina iki
- 1862 - Suku Lakota, pedunung asli Sioux Amérika, nyerang pamukiman ing Lèpèn Minnesota, ngobaraken Perang Dakota 1862 dhumateng Amérika Sarékat.
- 1918 - Pamimpin Bolshevik Moisei Uritsky dipunprejaya.
- 1945 - Proklamasi Republik Indonesia.
- 1960 - Gabon pikantuk kamardikan saking Prancis.
- 1962 - Panjagi tapelwates Jerman Wétan némbak lan mrejaya Peter Fechter amargi nyebrangi Tembok Berlin tumuju dhateng Berlin Kilèn.
🔥 Top keywords: Wikipédia:PendhapaArané pérangan awakLisa NowakAnggadaMirunggan:GolèkKategori:Eparki Gréja Ortodoks RuslanPitulung:IsiWikipédia:Sélakan umumGoogleMirunggan:Owahan anyarSCTVWikipédia:SesambunganTvOneBasa JawaCut Nyak DhienSoekarnoGapura:Paguyuban1967Wikipédia:AngkringanNeptuWikipédia:BabWhatsAppWikipédia:Wara-waraMohammad HattaSumpah PemudaUpacara tingkebanWikipédia:Sugeng rawuhSurat Al 'AlaqSiramanWidi MuliaSoedirman1173Hangudi Bawono Tata Lahir BatinMia KhalifaWayang purwaYouTubeCandhi BubrahGunung Bintang Awai, Barito KidulCaracasFilem pornoGenotipeWayang kulitBanjareja, Ngadiluwih, KedhiriOKPTSakura KinomotoLisènsi Creative CommonsIrakHa Ji WonPrancisAsia-PasifikSahadatKarnaNaraguna:LabdajiwaBotCumbanaLuhut Binsar PanjaitanCJermanJackson PollockMirunggan:PasumbangkuAEinsteiniumLemahbang, Kismantara, WanagiriKaraton Ngayogyakarta HadiningratKutha TasikmalayaAfghanistanTsunamiTandha Kapangkatan PolriJepangJuliCacing lemahIndhonésiaOstenrikTaunParitas daya tukuISBNKakawin SutasomaProyek:PrakawisWikipédia:Bak wedhiUndha-Usuk Basa Jawa1960Eparki RubtsovskMarokoSurat MuhammadElasmosaurusKerata basaMiG-21TurkiMitoniRukun ImanSaron barungBank IndonésiaTumpengGorilaAnoman DutaAbad ping 18Prastawa RéngasdhèngklokProdhuk dhomèstik brutoInstagramWikipédia